10/04/2015

PARIKAN JULA JULI JAWA

Hiburan






TUKANG BAKSO - ela elo bintang gambare singo jenenge leo ....ela eser bintang gambare yuyu jenenge cancer

arek ayu nutuki gendang...  bojomu nesu cepitno lawang....

ono cewek kaose ireng... wong wes tuwek bolak balik meteng


Wetan banyu kulon yo banyu  , arep nyabrang gak onok praune
Wetan ayu sing kulon yo ayu , Tak sawang-sawang kok podo lemuneeeeeeee

sego kucing regane sewu... rakyate luwe ora iso guyu
rejeki seret ora metu metu...ealah nasibe yo kuwi mau...

Esuk nyuling sore yo nyuling , Sing nyuling arek Suroboyo
Esuk eling, sore yo eling , Sing dieling-eling ora rumongso

duwe pitik loro di pangan macan....politik saiki kadakaran
rakyat wesdo mlarat mergo kurang mangan

delok arek wedok irunge mekrok...rembes ngisor isek di tabok

sewu kuto sewuneng ati...nengdi nengdi wong cilik mati..

macan tutul mangan trasi...kadung ucul anake tangi..

jare bolah kok ireng.....jare sekolah kok meteng

Piring biyen tipis-tipis  , Piring saiki soko porselen
Maling biyen nggawa linggis , Maling saiki nggowo pulpen